Sunday, 7 December 2014

0

Ngimpi Karo Lucid Dream

Ngimpi Karo Lucid Dream

 Lucid dream | Mimpi | Ngimpi | Hipnotis | Surabaya

Opo iku ngimpi ?? Opo iku Lucid Dream ??
Opo koen kabeh podho wes ngerti ??
Lek durung ngerti saiki Cak Dyan kapeneh mbahas iku rek...
Nyantaio disek nang ngarep laktopmu, opo ndelok teko hp mu saiki ituwo hp gedhe mu saiki...

Pirang-pirang fakta sing tak jupok nang internet karo buku-buku nang gramedia sing penting gawe koen ngerti
1. Opo sing kedaden pas awakmu turu terus ngimpi sakjane ??
Opo iku ngimpi? Kenek opo awak dewe ngimpine pas turu, masio awan, bengi, isuk ??

Ngimpi iku sakjane fase sing mbok alami pas turu terus ngeke'I visualisasi-imaji / lamunanmu sing macem-macem, tergantung teko jenis ngimpi karo opo sing waktu iku paling mbekas nang utek mu.

Ngimpi sifate simbolik karo pribadi. Kadang angel di ngerti, tapine kabeh ngimpi sing muncul gatok karo awak opo kedadian sing dialami sak durunge turu.
Ngimpi salah siji bentuk pertahanan utek ngisor sadar mu ben tetep iso hubungan karo utek sadar mu.
Mangkane iku, omongan sing digawe mesti bersifat simbolik ambek imajinatif.

Kadang onok uwong sing iso ileng ngimpine, yo onok sing gk iso. Waktu ngimpi uwong di pengaruhi akeh sebab koyok kondisine kesehatan awak, pegel, stres, panganan sing di pangan, karo lian-liane.
Umume awakdewe iso ngomong kabeh sing kepegelen mesti gak ngimpi pas turue.
Sakjane, kabeh uwong ngalami fase ngimpi pas bengi, tapine ngimpine iso lali separohe sak marine 5 menit pas tangi terus iso di lalino kabeh sakmarine 10 menit pas tangi turu.

Ngimpi kedaden pas mlebu fase REM (Rapid Eye Movement) opo pas mripat awak dewe gerak cepet koyok vertikal nang ngisor kelopak mripat sing nutup, pas karo kerjo utek waktu iku. REM iso di analogino persis fase Inhalasi utowo narik ambekan pas awak dewe nggawe paru-paru. Fase REM iki iso kedaden pas awak dewe keturon soale fase iki penting dilakokno karo utek.

Pas fase NREM (Non-Rapid Eye Movement) iki gak kate kedaden ngimpi soale utek pas istirahat gawe sementara sakdurunge mulai maneh nyentuh fase REM. Hal iki sing nyebabno ngimpi sing awak dewe rasakno gak iso suweh nemen (kecuali pas awak dewe ngalami ngimpi buruk utowo tetris effect, yo iku ngimpi sing nduwe pola diulang koyok gak onok akhire).
Onok'e fase NREM sing misahno ben fase REM nyebabno ngimpi cumak di batesi paling suwe 120 menit karo durasi iki yo durasi sing paling suwe sing iso di gawe nglakoni LUCID DREAM.
Seumpomo awak dewe lihai nglakonine, awak dewe iso ngubah piro fase REM sewengi gawe ndadekno pas kesempatan ngimpi dadi Lucid Dream.

Ngimpi sing di rasakno iso di kelompokno dadi limo macem, yo iku iki :
- DAYDREAM utowo ngimpi pas awan. DayDream gk kedaden pas turu, tapine pas awak dewe gak sepiro kejogo. Daydream iso kedaden pas awak dewe nglamun karo oleh kilasan peristiwa pas pirang detik ae.
Daydream kedaden soale aktivitas utek sing munggah mudun, nang tengah-tengah gelombang Beta karo alfa pas awak dewe kejogo, akhire iso dadekno gerbang ngisor sadar kebuka' terus aktivitas ngisor sadar munggah titik.
Efek daydream iso awak dewe rasakno nyrupoi kilasan khayalan sing kroso nyoto mblebu nang njeru utek utowo salah sijine indra awak dewe rek...
Pas nglamun karo mikirno hal apik utowo elek, onok waktue utek pas cepet bereaksi mancerno sinyal sing iso mengaruhi lingkungan karo awak dewe sing akhire gawe situasi kroso tambah apik utowo justru elek.
- NORMAL DREAM utowo ngimpi sing biasane awak dewe alami ben bengi. Waktu kondisi tertentu, Normal dream iso berubah dadi lucid dream, nightmares, utowo vivid dream. Normal dream iso di asosiasino karo komunikasi ngisor sadar lewat simbol tertentu.
Mangkane iku, simbol sing awak dewe temui nang njero ngimpi iso diasosiasino karo kondisi tertentu - suatu coro komunikasi alami antara utek sadar karo ngisor sadar langsung.
- LUCID DREAM utowo keadaan sadar lek awak dewe pas ngimpi. Lucid Dream iso di lakoni kapan ae pas waktu mlebu fase REM terus wes gak kiro ganggu istirahat bengi. Pas ngalami lucid dream, kadang awak dewe nemoni fenomena false awakening pas awak dewe ngeroso wes tangi terus ngadek teko turon sakjane awak dewe sik nang alam ngimpi. False awakening iso lapis-lapis terus yo rupane bagian teko ngimpi sing JELAS temen terus kroso nyoto (yo dianggep vivid dreams). Lucid dream sing awak dewe alami iso di pendekno utowo di dawakno waktue sesuai karo limit porsi REM sing awak dewe duwe'I karo nggawe tehnik tertentu.